NONGKRONG.CO ---Cerkak. Teh Wangi. “Omahku arep kanggonan arisan ki, Bin. Kowe ngrewangi aku lah. Kabeh wis takpesen, ning tetep bae kudu ana sing ngrewangi. Wingi rewangku ndadak pamit bali gara-gara anake lara.”
“Lha terus aku ngapa bae?”
“Ya melu nyepak-nyepakne. Kabeh mangan lan jajan wis takpesen. Kecuali ya sing nggo suguhan neng meja.”
“Lho, ora lesehan to, Ran?”
Baca Juga: Nangka Thok
“Ora. Wegah gotong-gotong meja kursi. Wis ben bae. Cukup kok. Paling sing teka ya ora nganti telung puluh. Apes-apese gelarne karpet neng teras.”
Bintang ngguyu krungu kandhane Rana. “Kowe ya Ran, ket biyen senengane ngono kuwi. Praktis ra gelem kangelan.”
“Lha ya pancen. Mangkane iki aku methuk kowe saiki. Sesuk ndak kendadaken. Kowe arep nyang omahku bareng aku, apa arep gawa mobil dhewe?”
Baca Juga: Dawet Ayu
Artikel Terkait
Teman Dari Amsterdam - Bagian 1
Ibu Negara Cerbung Bagian 1