NONGKRONG.CO ---Cerkak, Kopi Jos. “Yang istimewa dari Jogja?” takonku rada bingung krungu pitakone produser sing duwe jeneng Sakti. Asline tulisane ora ngono ning nganggo aksara India sing yen diwaca wantahan muni Cakti. Ning mergane neng Indonesia njur katelah Sakti.
Dene aku ngundhange “Bos” mergane pancen dheweke ki ngebosi tenan. Wistalah yen ora niyat, nyambut gawe karo dheweke ki bisa darah tinggi terus. Gawe spaneng lan anyel. Ning mergane aku wis ngerti karaktere ya ngono kuwi, dadi ya ora dadi pikiran. Yen isih masuk akal ya takturut. Ning yen wis kebablasan ya kono, taktinggal. Wegah. Lan biyasane dheweke njur ngalah.
Baca Juga: Kebaya
Jarene ngakeh, kuwi merga arep nulisku kepriyea bae, mesthi isa didol lan ndilalah mesthi laris. Mulane, dheweke ya emoh yen aku nganti mutung. Lha aku yen kerja rajelas, ya genah wegah. Jarene ngakeh, dheweke ora ngono kuwi yen karo penulis liyane. Ana bae problem gegerane. Takkira merga dheweke itu perfectionist sejati. Kabeh njaluke sempurna. Lha ya penulis, rak ora gampang gawe tulisan sing apik, payu, tur bea produksine murah.
Aku ya wis manut bae mikiri skenario. Soale yen aku dadi produser mesthi ya karep ngono kuwi. Gawe skenario sing apik, mesthi payune, tur ragate murah. Lha ya kabeh produser karepe ngono. Golek untung saakeh-akehe kanthi ragat sing mung sithik. Ning nyatane rak ora ngono.
Baca Juga: Simbok Gendhong
Gawe skenario sing apik ya mbayar penulis larang. Golek artis sing sip ya jelas ora murah. Gawe sutradara sing “bertangan dingin” ya jelas mbayar ora sethithik. Durung setting lokasi, dandanan, piranti lan kelengkapan liyane. Kabeh kuwi cetha ragat sing ora sethithik.
Mulane kadidene penulis skenario, ya aku rada mudheng mumet ruwete ngatur ngono kuwi kabeh. Apamaneh iku ngono rak kudu dibayar neng ngarep. Sawetara kuwi, mengko filme payu apa ora durung karuwan. Modhale balik apa ora durung mesthi.
“Ya semua yang ada di Jogja istimewa, Bos,” jawabku karo mbleyer ngguyu.
Artikel Terkait
Teman Dari Amsterdam - Bagian 1
Ibu Negara Cerbung Bagian 1