Nongkrong.co
Sore kui hawane rada adem amarga sakwise udan deres. Syeila, Nur, Salsa karo Mawar padha janjian arep makan-makan.
Bocah wadon papat mau padha janjian amarga uwis suwee ora ketemu padha sibuk karo kuliahe dhewe-dhewe.
Apa meneh 2 taun wingi ana pandemi Covid 19 dadine ora ketemu 2 taun, bocah papat mau omahe sak Kecamatan nanging yen kumpul iso diitung setahun durung mesti ketemu paling akeh ketemu amung ping 5 utawa 6, senajan kanca cedhak durung mesti padha ketemu.
Baca Juga: Mumpung Durung Mati (Cerita Cekak)
Bocah papat mau numpak sepeda motor menyang sawijining warung mie ayam langganane bocah papat kui yen arep kumpul ning kutha kui.
"Kowe meh pesen opo gek ndang, tak tulise. Aku pesen es jeruk karo mie ayam bakso kowe padha meh apa, " ujare Nur sing nyekel kertas karo bolpoin.
"Aku sing kaya biasane wae Mie ayam bakso, es teh 1, es jeruke 1, mengko nek nambah tak omong dhewe wae, " ujare Mawar, bocah wadon iki pawakane paling cilik dhewe saka liyane nanging yen urusan mangan dheweke paling akeh dhewe tinimbang liyane.
Baca Juga: Sajadah Langgar (Geguritan)
Artikel Terkait
Lomba Menulis Cerita Cekak (Cerkak)
Sepasang Mata Gagak di Yerusalem: Bukan Cerita Perjalanan Biasa
Sajadah Langgar (Geguritan)