Nongkrong.co
Mumpung Durung Mati
Dening Naufal Bahauddin Wafi
Ilining embun nggodha godhong kang mangklung, swara manuk lamat-lamat kasirep angin kang nglurug mlebu jendela kelas.
Prasasat lawe kang ngronce jendela, kuning sorot srengene esuk ndlujur padhang nabrak lengene Naras kang manggon ing pojokan.
Sartika kang manggon ing jejere Naras ora ngrasakake panase srengenge mbrobos saka bolongan angin-angin kelas.
“Kowe apa ora kepanasen ta Ras?” Sartika takon menyang Naras kang katon ora kepanasen, kamangka dheweke kang kalingan Naras ngrasa sumuk ora karuan.
“Ya panas ta Sar, nanging iki isih esuk. Itung-itung vitamin D” sirahe Naras kang isih madhep ngarep sinambi mangsuli pitakone Sartika.
“Ealah gayamu” Sartika mungkasi omongan nuli ngebut-ngebutke krudhung gedhene meneh.
Pancen bocah loro iku sholehah kabeh, nadyan ukuran krudunge beda ora bisa dadi titikane sapa kang luwih sregep ngibadahe. Naras lan Sartika padha sregep ngibadahe, nanging menawa disawang sapa kang paling tenanan nalika ngibadah bisa diarani Naras bocahe.
Artikel Terkait
Sajadah Langgar (Geguritan)